Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

28 Juni 2022

Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

 PASINAON 1 SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI


PURWAKA

Serat wedhatama inggih menika salah satunggaling seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kangge mangun (mbangun) budi pekerti. Serat wedhatama anggadhahi isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama. Serat wedhatama asalipun saking basa kawi, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' inggih menika pepathokaning putra. Di tingali saking tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathokaning putra tegese pathokan utawa pedoman kangge putra lan putrinipun.

Serat wedhatama menika salah satunggaling seratanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV ingkang awujud tembang utawi sekar. Serat wedhatama ngemot tembang macapat inggih menika pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahipun wonten gangsal pupuh.


PAKARYAN 1

1. Pangerten lan Maknanipun Tembang Kinanthi

Miturut maknanipun, tembang KInanthi menika anggambaraken  mangsa wekdal manungsa sampun palakrama, gesang rukun saha tentrem ayem kaliyan keluwarganipun. Tembung kinanthi menika saemper kaliyan tembung kanthi,kekanthen, gandheng. Wonten malih ingkang paring pangertosan menawi tembung kinanthi menika anggadhahi teges nuntun utawi nganthi. Tegesipun minangka kuwajibantiyamg sepuh kekdah saged nuntun utawi nganthi para putranipun supados sedaya tumindakipun mboten nalisir saking tumindak ingkang sae. Pramila kekkdah mbimbing lan tansah paring pepelingdhumateng para putranipun.

2. Paugeran Tembang Kinanthi

KINANTHI

GURU WILANGAN GURU LAGU GURU GATRA

8 u

8 i

8 a

8 i

8 a

8 i

3. Watak Tembang Kinanthi

Watakipun sarwa bungah, tresna asih, gumolong. Atut runtut, renteng renteng reruntungan. Ginanipun kangge ngandharaken pitutur luhur, rasa tresna asih. Pramila biasanipun tembang kinanthi diginakaken kangge gandrung lan paring pitutur.

4. Wos utawi surasa ingkang kinandhut ing tembang KInanthi (Wedhatama)

Serat Wedhatama paring piwulang tuntunan moral minangka perangan saking Pendidikan Karakter ingkang sinebat etika pribadhi amargi dados satunggaling tuntunan etis ingkang tumuju dhumateng dhiri pribadhinipun piyambak kadosdene piwulang piwulang ing budaya Jawa Serat Wedhtama nengenaken rasa pamngrasa, panggalih (pikir), amarah utawi kapitayan (spiritual). Bab menika ngandhut pitutur supados ngolah lantiping rasa (angulah lantiping ati) lan nyingkiraken nepsu supados dados manungsa ingkang berbudi luhur (bengkas kahardaning driya, supaya dadya utami).

Supados pikantuk ngelmu sejati  saged lumantar angulah lantiping manah yeku (inggih menika) kanthi tapa brata lan prihatin ing papan ingkang sepen (pangasahe sepi samun).Menawi dilampahi kanthi serius saged kangge  nyegah  pepapang ingkang ingkang dados pepalanging budi( bengkas kahardaning driya, kekes srabedaning budi)

Sarat nglakoni ngelmu sejati yeku mboten kenging iri lan drengki tan dahwen pati openan), mboten panasten (tan panasten), mboten nganggu tiyang sanes utawi jail (nora jail), ngendhem hawa nepsu(tan njurug ing kahardan) ingkang ditidakaken naming meneng supados tentrem ayem(amung eneng amrih ening).

Serat Wedhatama paring piwulang lamun manungsa iku kudu tansah eling lan waspada (awas eling). Ing ngrki diakejengaken supados eling dhateng pitudhuh utawi tuladha saking mobah mosiking alam(eling lukitaning alam).

Waspada tegesipun ngertos pepalanging gesang(wruh warananing urip). Ugi supapdos mboten sembrono pari kena, sembrana ing batine (away sembrana ing kalbu) lan nulat tembung tembung ingkang diucapaken, ngilangaken raos mangu-mangu utawi ragu ragu lan wapada nulada samubarang (waspada ing pangeksi).

Serat Wedhatama paring piwulang supados ampun kulina tumindak nistha(aywa mamatuh nalutuh). Ngatos-atos dhateng pepalanging gesang. Umpami saweg mlampah margi ingkang diliwati kebek bebaya, menawi mboten ngatos atos saged ngidek ri (sayekti kasandhung ri utawi jesandung watu.

Serat Wedhatama paring piwulang  supados ampun ngantos gela ing tembe mburine utawi becik (atetamba yen wus bucik). Watak imgkang sampun makaten menika ateges sanadyan tiyang ingkang sampun wasis ananging mboten wonten ginanipun mila kapineran naming kangge pados pangan lan pamrih (kawruhe kinaryangupaya kasil lan melik).

Kabecikan ingkang sampun diwulangake menika minangka cara kangge ngudi supados pikantuk kamulyan. Snadyan mboten saged mujudaken sedayanipun, nanging manungsa kedah wonten hasilipun, Sanadyan mboten sedaya kawujud kekajenganipun, nanging manungsa diwajibaken ngudi kanhti temen. Amargi manungsa menawi mboten  usaha nalika pados nafkah, saged disebat rugi (yekti tuna tinitah).

Ing Serat Wedhatama, tiyang becik bebudene menika saged srawung kaliyan tiyang sanes, lan saged mangun sesrawungan ing sedaya papan (bangkit ajur ajer). Sanadyan asring beda panemu amargi ngedalaken panemunipun  ananging tansah gesang rukun lan ayem becik sanadyan namung saderma  damel bingah tiyang sanes (mung ngenaki tyasing liyan), mila kala-kala manungsa menika ethok-ethok bodho (den bisa mbujuki ujaring janmi). Tiyang ingkang wicaksana bakal tumindak kanthi cara ingkang alus sanadyan dhumateng yiyang sanes (sinamung ing samudana) lan becik (sesadon ing adu manis).


PAKARYAN 2

Nembang Macapat

Ing ngandhap menika bakal kababar ingkang ngandhut surasa ngangsu kawruh. Ing ngandhap badhe kaandharaken tuladha teks tembang KInanthi

5 6 6 6 1 1 2 2

Mang- ka kan- thi- ning tu- mu- wuh


2 2 1 1 6 1 5 6

sa- la- mi mung a- was e- ling


5 6 1 1 1 1 1 1

e- ling lu- ki- ta- ning a- lam


5 5 5 5 5 2 2 1

Da- di wir- ya- ning du- ma- di


1 2 3 5 5 5 5 5

Su- pa- di nir ing sang- sa- ya


3 2 2 2 2 2 3 5

Ye- ku pa- ngrek- sa ning u- rip


PAKARYAN 3

NIlai Nilai saha piwulang luhur Tembang KInanthi Serat Wedhatama pada 1

Nilai-nilai utawi piwulang luhur ingkang ngandhut kabecikan ingkang saged kapendhet saking karya sastra ingkang wonten sesambunganipun kaliyan karya sastra kalihyan kahanan ing bebrayan. Nilai-nilai ing salebeting carita wonten sesambunganipun kaliyan nilai religious, nilai social, nilai budaya lan nilai moral. Nilai religious sesambunganipun kaliyan agama lan keyakinan kadosta babagan ngibadah, sembayang, lan upacara agama. Nilai social gegayutan kaliayan paugeran-paugeran ing bebrayan social (hidup bermasyarakat. Nilai kabudayan  gegayutan kaliyan  adat istiadat lan budaya ingkang dilampahi ing masyarakat tartamtu. Nilai moral gegayutan kaliyan budi pakarti ing masyarakat.

Tuladha:

Pada kapisan Aujud Tembang Pada Kapisan Awujud Gancaran

Mangka kanthining tumuwuh,

salami mung awas eling,

eling lukitaning alam,

dadi wiryaning dumadi,

supadi nir ing sangsaya,

yeku pangreksaning urip Kamangka kekanthining gesang, salamine  amung awas lan eling. Eling dhateng pratandha ingkang abadi ingkang wonten ing alam donya. Dados kamulyaning gesang. Menika sedaya supados saged tebih saking kasengsaran, menika cara kangge njagi  njagi gesang.

Nilai ingkang KInandhut : nilai religius

Piwulang Luhur : 

Manungsa gesang ing alam dunya kedah eling lan waspada kangge ngayuh kamullyaning gesang



PAKARYAN 4

Ngarang Tembang Macapat

Bab-bab ingkang kedah digatosaken menawi badhe damel tembang macapat

Caranipun damel tembang macapat menika kanthi nggatosaken paugeran  temban, inggih menika guru gatra, guru wiilangan lan guru lagu. Kejawi nggatosaken paugeran kasebat  ugi kedah nggatosaken diksi tembung ingkang dados sasmitaning tembangl an wataking tembang macapat. Kanthi paugeran guru gatra, guru wilangan,  guru lagu, sasmitaning tembang lan wataking tembang menika dados dhasaring ngarang tembang macapat.

Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kedah digatosaken supados gampil anggenipun ngarang tembang inggih menika:

1. Temtokaken lan seraten gagasan (tema) ingkang badhe didamel tembang supados ngertos watakipun tembang

2. Temtokaken tembang ingkang badhe didamel.

3. Serat guru gatra, guru wilangan lan guru lagunipun

4. Damel ukara ingkang selaras kaliyan paugeran tembang (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu)

5. Tembung-tembung ingkang sampun diserat dados tembang diteliti malih napa sampun selaras kaliyan paugeran tembang, tema, sasmitaning tembang, lan wataking tembang napa dereng


Tuladha :

1. Temtokaken Tema : Pendidikan

2. Pupuh Tembang      : Kinanthi

3. Paugeran Tembang Kinanthi

KINANTHI

GURU WILANGAN GURU LAGU GURU GATRA

8 u

8 i

8 a

8 i

8 a

8 i

Kinanthi 

kabeh kudu nuntut ilmu (8-u)

kanggo pedomane urip (8-i)

nang donya lan nang akhirat (8-a)

dene ilmu dipahami (8-i)

mula akeh keuntungan (8-a)

lan ketentreman urip (8-i)

Diteliti malih tembung tembung ingkang sampun di karang.  Diteliti surasane sampun selaras utawi pas kaliyan tema, paugeran, samita lan wateke tembang menapa dereng.  Gegayutan kaliyan tema tegesipun surasaning tembang napa sampun cocok kalih tema ingkang sampun ditemtokaken menapa dereng. Ditingali saking tembubg-embung ingkang karakit (karonce) tembang ing nginggil sampun selaras kaliyan tema. Lajeng diteliti ukara-ukara ingkang karonce sampun selaras kaliyan paugeran napa dereng. Berarti dietang rumiyun guru gatra lan guru wilangane. Diteliti ugi dong ding utawi tibaning swara ing pungkasaning gatra. Tembang ing nginggi wonten 6  gatra. Guru gatra tembang kinanthi = 6 gatra. Berarti guru gatra sampun leres. 


kabeh kudu nuntut ilmu = 8

kanggo pedomane urip = 8

nang donya lan nang akhirat =8

dene ilmu dipahami  = 8

mula akeh keuntungan = 8

lan ketentreman urip = 8


Salajengipun guru wilanganipun dietang wandanipun. Wanda menika napa tegesipun? Wanda menika pedhotaning tembung utawi suku kata. Lajeng gatosaken guru lagunipun. Napa niku guru lagu. Inggih mmenika tibaning swara ing pungkasaning gatra. Swara ing tembang kasebat cocogaken napa sampun trep kaliyan paugeran napa dereng?

kabeh kudu nuntut ilmu = u

kanggo pedomane urip = i

nang donya lan nang akhirat =a

dene ilmu dipahami  = i

mula akeh keuntungan = a

lan ketentreman urip = i


Sesampunipun dititeni suara ing punkasaning tembang ing saben gatra menika wonten swara (u), swara i), suara (a)suara(i), suara (a) lan swara (i). Berarti sampun trep kaliyan paugeran tembang kinanthi


11 Mei 2022

Pidhato Ing Acara Pepisahan Siswa

Ing ngisor iki tuladhane pidhato 


Assalamualaikum warahmatullah wabarakatuh 


Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati, Bapak Ibu Guru lan Staf Tata Usaha ingkang kinurmatan lan kanca-kanca ingkang kula tresnani. Muji syukur kanthi rahmating Gusti Allah SWT. Ing wekdal punika panjenengan lan kula taksih pinaringan kawilujengan, kasarasan saha karaharjan saengga saged kempal ing aula sekolah punika tanpa alangan satunggal menapa.


Bapak, Ibu guru, saha kanca sedaya ingkang bagya mulya; saderengipun kula matur, sewu lepat nyuwun agunging pangapunten dene kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya. Ingkang salajengipun, kula nyulihi kanca-kanca ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang sampun nyengkuyung saha ngrawuhi acara punika. Ugi atur panuwun dhumateng kanca saha adhik-adhik ingkang sampun paring pambiyantu amrih kelaksanipun acara ing dinten iki.


Bapak Ibu  Guru ingkang kula kurmati, kula sakanca siswa kelas enem ngaturaken agunging panuwun awit panggulawenthah saha sedaya wucalan ingkang sampun kaparingaken dhumateng kula sakanca sadaya. Dene kula sakanca mboten saged atur piwelas punapa-punapa kajawi namung atur panuwun ingkang tanpa pepindhan. 


Para putra namung saged nyuwun dhumateng Allah mugi-mugi paring piwelas dhumateng sadaya kesaenanipun Bapak Ibu Guru sedaya amiin. Kajawi punika, para putra sedaya nyuwun samudra pangaksama menggah sadaya kelepatan, dosa, kekhilafan ingkang kasengaja punapa-punapa ingkang mboten. Mugi-mugi Bapak saha Ibu guru kersa paring pangapunten.


Kula sadaya nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak Ibu guru supados saged nglajengaken sinau wonten ing pawiyatan ingkang salajengipun. Kangge adhik-adhik kelas, pesen kula supados sregep sinau lan mituhu dhumateng Bapak Ibu guru. Kanthi punika mugi-mugi sekolah kota punika saged ngasilaken generasi ingkang pinter, berbudi luhur lan migunani tumrap tiyang sepuh kekalih, negara lan agaminipun.


Mbok menawi cekap semanten atur kula, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.


Wassalamu'alaikum warahmatullah wabarakatuh


10 Mei 2022

Jenis-Jenising Pidhato

Pidhato utawa sesorah yaiku micara ing ngarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu utawa kang gumathok.

Jenising Pidhato

1. Pidhato kanthi cara naskah/teks/manuskrip

Pidhato cara naskah kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur dibaca sawutuhe. Cara iki biyasane digunakake para pejabat utawa punggawaning nagari, mligine ana upacara-upacara resmi.

2. Pidhato kanthi cara dadakan utawa impromtu

Pidhato iki ora kanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorang kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe.

3. Pidhato kanthi cara ekstemporan

Pidhato cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngadat cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharaken. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arek diwedharake.

Bab-bab Sing Kudu Digatekake

A. Basa sing digunakake
Basa kudu  laras karo sapa sing diadhepi. Yen sing diadhepi para pinisepuh utawa wong tuwa prayogo nganggo basa krama. Yen luwih enom (umur-umure sakancane)  bisa nganggo basa ngoko. Yen spadha-padha utawa enon sethitik bisa nganggo basa ngoko alus.

B. Solah bawa
Solah bawa sing mantep lan teteg. Ngadeg sing jejeg, ora obah wae lan ora dangak utawa dhingkluk terus lan spaanunggale.

C. Wiramaning swara
Wirama swarane kepenak dirungokake, ulem, gandhang (yen banter ora mbrebegi yen lirih tanah hangenaki), cetha las-lasan, ora indheng, ora groyok, lagu swara ora monoton.

D. Polatan
Kudu bisa ngatonake ulat sing nyenengake, ora mbesengut lan ora cengengesan.

Rantaman (Susunan) Sesorah
Wong sesorah uga kudu ngerti urutane sesorah supaya anggone guneman ora nganti tumpang tindih utawa malah kasingsal ukarane. Gatekna rantamaning pidhato ing ngisor iki

• Salam pambuka
Manut kapitayan lan swasanane. Tegese, pidhato dijumbuhake karo tugase ana sajroning acara.

• Purwaka
Ngunjukake puja puji syukur malang Gusti Kang Maha Agung lan matur nuwun marang para rawuh lan sapa wae sing wis padha mbantu lumakune adicara.

• Surasa basa (isine pidhato)
Undering bab sing diwedharake

• Dudutan (kesimpulan)

• Pangarep-arep
Bab-bab kang dikarepake sering kang nindakake pidhato marang sing padha ngrungokake

• Wasana basa (penutup)
Atur panuwun lan nyuwun pangapura mungguh anggone nindakake jejibahan mbok ana klera-klerune


20 April 2022

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 3 SD/MI Halaman 11

I

1. Kain amba sing dipasang ana ing tontonan wayang kulit jenenge
D. Kelir

2. Pandhawa kang dadi ratu ing nagara Ngamarta yaiku
C. Puntadewa

3. Gatekna gambar ing ngisor iki

Gambar ing dhuwur nduwe pusaka
D. Gada rujakpala

4. Dewi Nagagini iku garwane
B. Raden Werkudara

5. Kembarane Sadewa yaiku
B. Nakula

6. Satriya pandhawa kang nduweni sipat tresna asih lan seneng tetulung yaiku
C. Arjuna

7. Nalika guneman karo kanca akrab nggunakake basa
B. Ngoko alus

8. Dewi Pranati yaiku putrane
B. Nakula

9. Jeneng cilike paraga wayang aran Tangsen yaiku
D. Sadewa

10. Perang Bratayuda dimenangake dening
A. Pandhawa

11. Kang dadi pambarepe Pandhawa yaiku
A. Yudistira

12. Garwane Arjuna yaiku
D. Dewi Srikandi

13. Raden Subekti kuwi putrane
B. Sadewa

14. Perang Bratayuda iku perang antarane pandhawa lawan
C. Kurawa

15. Putrane Sadewa lan Srenggriniwati yaiku
B. Dewakusuma

16. Pandhawa iku ana
D. Lima

17. Garwane Pandhu Dewanata yaiku
B. Dewi Kunthi

18. Ing ngisor iki kang dudu putrane Bima yaiku
C. Dewakusuma

19. Nakula iku satriya ing
B. Bumiretawu

20. Ing perang Bratayuda, Adipati Karna gugur kena panahe
C. Arjuna

II
1. Kuku pancanaka iku gamane Raden
Wekudara

2. Bimasena iku satriya ing
Jodhipati

3. Ratu ing Ngamarta kang kondhang sabar lan becik budine yaiku
Prabu Puntadewa

4. Kang isih dadi kadange pandhawa yaiku Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa 

5. Nakula iku uga duwe jeneng liya kang memper wit
Pala

6. Pandhawa kang kondhang baguse yaiku Arjuna

7. Darmaranti yaiku jeneng liya saka
Sadewa

8. Pandhawa lan kurawa kalebu trah
Prabu Barata

9. Ibune Puntadewa, Werkudara lan Janaka jenenge
Dewi Kunthi

10. Nakula lan Sadewa iku titisane Bathara Aswin kang kondhang minangka
Bisa ngobati penyakit

III
1. Kepriye wateke Raden Puntadewa?
Sabar, jujur, lan ora gampang nesu

2. Sapa bae garwane Raden Werkudara?
Dewi Arimbi, Dewi Nagagini lan dewi Urangayu

3. Sebutna pusakane Dhananjaya kang kok mangerteni!

Keris pulanggeni, panah pasopati lan panah sarotama

4. Ukara-ukara ing ngisor iki salinen nganggo basa ngoko alus!
A. Apa koe mau wis mangan ta, Pak?
B. Esuk mau bapak lunga menyang Surabaya.
A. Bapak sampun dhahar nopo dereng?
B. Wau enjing bapak kesah menyang Surabaya

5. Sebutna 3 dasanamane Raden Werkudara!
Bratasena, Bimasena lan Bayusutha

6. Tulisna 3 dasanamane Raden Janaka!
Arjuna, Dhananjaya lan Kirti

7. Kepriye titikane ngoko alus?
Tembung kowe diganti panjenengan. Awake dhewe nganggo ngoko, wong liya dicampur krama alus

8. Sebutna 3 dasanamane Prabu Puntadewa!
Yudistira, Dharmasuta, lan Ajathasatru

9. Apa bae senjatane Raden Yudistira?
Jimat kalimasada

10. Kepriye panggonane ngoko lugu?
Mboten wonten kecampuran basa krana

16 Maret 2022

Tugas Bahasa Jawa Tembang Pucung

 I

Bapak pucung anake bapa lan biyung
Naning dudu kakang
Dudu mbakyu dudu adhi
Lan batangan bapak pucung iku sapa

1. Tembung pucung kalebu tembang
B. Macapat

2. Tembung pucung ana ... gatra
B. Papat

3. Guru lagu lan guru wilangane tembang pucung yaiku
B. 12u, 6a, 8i, 12a

4. Wateke tembang pucung yaiku
A. Sembrana

5. Tembang pucung biasane awujud
B. Cangkriman

Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sangkane ing plambang
Ngon-ingone sang bupati
Yen mlampah si pucung lambean grana

6. Tembang ing dhuwur diarani tembang
C. Pucung

7. Tembang ing dhuwur kalebu diarani tembang
A. Macapat

8. Guru lagu ing gatra kapisan yaiku
B. U

9. Guru wilangane gatra kapindho yaiku
C. 6

10. Batangane tembang pucung ing dhuwur yaiku
A. Gajah

II
1. Aranana 2 bae kang kalebu tembang macapat
Pucung lan Kinanthi

2. Kepriye wateke tembang pucung iku
Sakepenake dewe / luwes, lucu, lan gawe seneng

3. Aranana guru lagu lan guru wilangane tembang pucung
12u, 6a, 8i, 12a

4. Apa tegese tembung "prapteng"
Tekan

5. Aranana guru gatra, guru wilangane lan guru lagune tembang pucung
Guru gatra: 4
Guru wilangan: 12,6 8,12
Guru lagu: u, a, i, a