28 Juni 2022

Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

 PASINAON 1 SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI


PURWAKA

Serat wedhatama inggih menika salah satunggaling seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kangge mangun (mbangun) budi pekerti. Serat wedhatama anggadhahi isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama. Serat wedhatama asalipun saking basa kawi, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' inggih menika pepathokaning putra. Di tingali saking tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathokaning putra tegese pathokan utawa pedoman kangge putra lan putrinipun.

Serat wedhatama menika salah satunggaling seratanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV ingkang awujud tembang utawi sekar. Serat wedhatama ngemot tembang macapat inggih menika pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahipun wonten gangsal pupuh.


PAKARYAN 1

1. Pangerten lan Maknanipun Tembang Kinanthi

Miturut maknanipun, tembang KInanthi menika anggambaraken  mangsa wekdal manungsa sampun palakrama, gesang rukun saha tentrem ayem kaliyan keluwarganipun. Tembung kinanthi menika saemper kaliyan tembung kanthi,kekanthen, gandheng. Wonten malih ingkang paring pangertosan menawi tembung kinanthi menika anggadhahi teges nuntun utawi nganthi. Tegesipun minangka kuwajibantiyamg sepuh kekdah saged nuntun utawi nganthi para putranipun supados sedaya tumindakipun mboten nalisir saking tumindak ingkang sae. Pramila kekkdah mbimbing lan tansah paring pepelingdhumateng para putranipun.

2. Paugeran Tembang Kinanthi

KINANTHI

GURU WILANGAN GURU LAGU GURU GATRA

8 u

8 i

8 a

8 i

8 a

8 i

3. Watak Tembang Kinanthi

Watakipun sarwa bungah, tresna asih, gumolong. Atut runtut, renteng renteng reruntungan. Ginanipun kangge ngandharaken pitutur luhur, rasa tresna asih. Pramila biasanipun tembang kinanthi diginakaken kangge gandrung lan paring pitutur.

4. Wos utawi surasa ingkang kinandhut ing tembang KInanthi (Wedhatama)

Serat Wedhatama paring piwulang tuntunan moral minangka perangan saking Pendidikan Karakter ingkang sinebat etika pribadhi amargi dados satunggaling tuntunan etis ingkang tumuju dhumateng dhiri pribadhinipun piyambak kadosdene piwulang piwulang ing budaya Jawa Serat Wedhtama nengenaken rasa pamngrasa, panggalih (pikir), amarah utawi kapitayan (spiritual). Bab menika ngandhut pitutur supados ngolah lantiping rasa (angulah lantiping ati) lan nyingkiraken nepsu supados dados manungsa ingkang berbudi luhur (bengkas kahardaning driya, supaya dadya utami).

Supados pikantuk ngelmu sejati  saged lumantar angulah lantiping manah yeku (inggih menika) kanthi tapa brata lan prihatin ing papan ingkang sepen (pangasahe sepi samun).Menawi dilampahi kanthi serius saged kangge  nyegah  pepapang ingkang ingkang dados pepalanging budi( bengkas kahardaning driya, kekes srabedaning budi)

Sarat nglakoni ngelmu sejati yeku mboten kenging iri lan drengki tan dahwen pati openan), mboten panasten (tan panasten), mboten nganggu tiyang sanes utawi jail (nora jail), ngendhem hawa nepsu(tan njurug ing kahardan) ingkang ditidakaken naming meneng supados tentrem ayem(amung eneng amrih ening).

Serat Wedhatama paring piwulang lamun manungsa iku kudu tansah eling lan waspada (awas eling). Ing ngrki diakejengaken supados eling dhateng pitudhuh utawi tuladha saking mobah mosiking alam(eling lukitaning alam).

Waspada tegesipun ngertos pepalanging gesang(wruh warananing urip). Ugi supapdos mboten sembrono pari kena, sembrana ing batine (away sembrana ing kalbu) lan nulat tembung tembung ingkang diucapaken, ngilangaken raos mangu-mangu utawi ragu ragu lan wapada nulada samubarang (waspada ing pangeksi).

Serat Wedhatama paring piwulang supados ampun kulina tumindak nistha(aywa mamatuh nalutuh). Ngatos-atos dhateng pepalanging gesang. Umpami saweg mlampah margi ingkang diliwati kebek bebaya, menawi mboten ngatos atos saged ngidek ri (sayekti kasandhung ri utawi jesandung watu.

Serat Wedhatama paring piwulang  supados ampun ngantos gela ing tembe mburine utawi becik (atetamba yen wus bucik). Watak imgkang sampun makaten menika ateges sanadyan tiyang ingkang sampun wasis ananging mboten wonten ginanipun mila kapineran naming kangge pados pangan lan pamrih (kawruhe kinaryangupaya kasil lan melik).

Kabecikan ingkang sampun diwulangake menika minangka cara kangge ngudi supados pikantuk kamulyan. Snadyan mboten saged mujudaken sedayanipun, nanging manungsa kedah wonten hasilipun, Sanadyan mboten sedaya kawujud kekajenganipun, nanging manungsa diwajibaken ngudi kanhti temen. Amargi manungsa menawi mboten  usaha nalika pados nafkah, saged disebat rugi (yekti tuna tinitah).

Ing Serat Wedhatama, tiyang becik bebudene menika saged srawung kaliyan tiyang sanes, lan saged mangun sesrawungan ing sedaya papan (bangkit ajur ajer). Sanadyan asring beda panemu amargi ngedalaken panemunipun  ananging tansah gesang rukun lan ayem becik sanadyan namung saderma  damel bingah tiyang sanes (mung ngenaki tyasing liyan), mila kala-kala manungsa menika ethok-ethok bodho (den bisa mbujuki ujaring janmi). Tiyang ingkang wicaksana bakal tumindak kanthi cara ingkang alus sanadyan dhumateng yiyang sanes (sinamung ing samudana) lan becik (sesadon ing adu manis).


PAKARYAN 2

Nembang Macapat

Ing ngandhap menika bakal kababar ingkang ngandhut surasa ngangsu kawruh. Ing ngandhap badhe kaandharaken tuladha teks tembang KInanthi

5 6 6 6 1 1 2 2

Mang- ka kan- thi- ning tu- mu- wuh


2 2 1 1 6 1 5 6

sa- la- mi mung a- was e- ling


5 6 1 1 1 1 1 1

e- ling lu- ki- ta- ning a- lam


5 5 5 5 5 2 2 1

Da- di wir- ya- ning du- ma- di


1 2 3 5 5 5 5 5

Su- pa- di nir ing sang- sa- ya


3 2 2 2 2 2 3 5

Ye- ku pa- ngrek- sa ning u- rip


PAKARYAN 3

NIlai Nilai saha piwulang luhur Tembang KInanthi Serat Wedhatama pada 1

Nilai-nilai utawi piwulang luhur ingkang ngandhut kabecikan ingkang saged kapendhet saking karya sastra ingkang wonten sesambunganipun kaliyan karya sastra kalihyan kahanan ing bebrayan. Nilai-nilai ing salebeting carita wonten sesambunganipun kaliyan nilai religious, nilai social, nilai budaya lan nilai moral. Nilai religious sesambunganipun kaliyan agama lan keyakinan kadosta babagan ngibadah, sembayang, lan upacara agama. Nilai social gegayutan kaliayan paugeran-paugeran ing bebrayan social (hidup bermasyarakat. Nilai kabudayan  gegayutan kaliyan  adat istiadat lan budaya ingkang dilampahi ing masyarakat tartamtu. Nilai moral gegayutan kaliyan budi pakarti ing masyarakat.

Tuladha:

Pada kapisan Aujud Tembang Pada Kapisan Awujud Gancaran

Mangka kanthining tumuwuh,

salami mung awas eling,

eling lukitaning alam,

dadi wiryaning dumadi,

supadi nir ing sangsaya,

yeku pangreksaning urip Kamangka kekanthining gesang, salamine  amung awas lan eling. Eling dhateng pratandha ingkang abadi ingkang wonten ing alam donya. Dados kamulyaning gesang. Menika sedaya supados saged tebih saking kasengsaran, menika cara kangge njagi  njagi gesang.

Nilai ingkang KInandhut : nilai religius

Piwulang Luhur : 

Manungsa gesang ing alam dunya kedah eling lan waspada kangge ngayuh kamullyaning gesang



PAKARYAN 4

Ngarang Tembang Macapat

Bab-bab ingkang kedah digatosaken menawi badhe damel tembang macapat

Caranipun damel tembang macapat menika kanthi nggatosaken paugeran  temban, inggih menika guru gatra, guru wiilangan lan guru lagu. Kejawi nggatosaken paugeran kasebat  ugi kedah nggatosaken diksi tembung ingkang dados sasmitaning tembangl an wataking tembang macapat. Kanthi paugeran guru gatra, guru wilangan,  guru lagu, sasmitaning tembang lan wataking tembang menika dados dhasaring ngarang tembang macapat.

Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kedah digatosaken supados gampil anggenipun ngarang tembang inggih menika:

1. Temtokaken lan seraten gagasan (tema) ingkang badhe didamel tembang supados ngertos watakipun tembang

2. Temtokaken tembang ingkang badhe didamel.

3. Serat guru gatra, guru wilangan lan guru lagunipun

4. Damel ukara ingkang selaras kaliyan paugeran tembang (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu)

5. Tembung-tembung ingkang sampun diserat dados tembang diteliti malih napa sampun selaras kaliyan paugeran tembang, tema, sasmitaning tembang, lan wataking tembang napa dereng


Tuladha :

1. Temtokaken Tema : Pendidikan

2. Pupuh Tembang      : Kinanthi

3. Paugeran Tembang Kinanthi

KINANTHI

GURU WILANGAN GURU LAGU GURU GATRA

8 u

8 i

8 a

8 i

8 a

8 i

Kinanthi 

kabeh kudu nuntut ilmu (8-u)

kanggo pedomane urip (8-i)

nang donya lan nang akhirat (8-a)

dene ilmu dipahami (8-i)

mula akeh keuntungan (8-a)

lan ketentreman urip (8-i)

Diteliti malih tembung tembung ingkang sampun di karang.  Diteliti surasane sampun selaras utawi pas kaliyan tema, paugeran, samita lan wateke tembang menapa dereng.  Gegayutan kaliyan tema tegesipun surasaning tembang napa sampun cocok kalih tema ingkang sampun ditemtokaken menapa dereng. Ditingali saking tembubg-embung ingkang karakit (karonce) tembang ing nginggil sampun selaras kaliyan tema. Lajeng diteliti ukara-ukara ingkang karonce sampun selaras kaliyan paugeran napa dereng. Berarti dietang rumiyun guru gatra lan guru wilangane. Diteliti ugi dong ding utawi tibaning swara ing pungkasaning gatra. Tembang ing nginggi wonten 6  gatra. Guru gatra tembang kinanthi = 6 gatra. Berarti guru gatra sampun leres. 


kabeh kudu nuntut ilmu = 8

kanggo pedomane urip = 8

nang donya lan nang akhirat =8

dene ilmu dipahami  = 8

mula akeh keuntungan = 8

lan ketentreman urip = 8


Salajengipun guru wilanganipun dietang wandanipun. Wanda menika napa tegesipun? Wanda menika pedhotaning tembung utawi suku kata. Lajeng gatosaken guru lagunipun. Napa niku guru lagu. Inggih mmenika tibaning swara ing pungkasaning gatra. Swara ing tembang kasebat cocogaken napa sampun trep kaliyan paugeran napa dereng?

kabeh kudu nuntut ilmu = u

kanggo pedomane urip = i

nang donya lan nang akhirat =a

dene ilmu dipahami  = i

mula akeh keuntungan = a

lan ketentreman urip = i


Sesampunipun dititeni suara ing punkasaning tembang ing saben gatra menika wonten swara (u), swara i), suara (a)suara(i), suara (a) lan swara (i). Berarti sampun trep kaliyan paugeran tembang kinanthi


Tidak ada komentar:

Posting Komentar